Tembung camboran
Tembung camboran (basa Indonesia: kata majemuk), kuwi rong tembung utawa luwih kang digandhèng dadi siji ngliwati sawijining prosès morfologi. Prosès morfologi yakuwi prosès owah-owahan saka morfem dadi polimorfem, sing nduwèni kategori lan makna wutuh, saéngga polimeorfem iku disebut tembung. Jroning basa jawa, ana telung prosès morfologi sing disinaoni, yakuwi: prosès wuwuhan (pengimbuhan), prosès rangkep (pengulangan), lan prosès camboran (pemajemukan). Prosès camboran (pemajemukan) yaiku prosès panggabungan morfem dhasar, sing biasa digabung yakuwi lingga karo lingga liyané. Camboran dipérang dadi loro, yaiku: camboran wutuh lan camboran udhar. Camboran wutuh minangka camboran sing konstruksiné digabung, saéngga ngasilaké siji makna. Déné camboran udhar arupa camboran sing konstruksiné kapisah lan maknané isih digabung, saliyané kuwi unsuré isih bisa digolèki.
Miturut wutuh orané
Miturut wutuh orané, tembung camboran iki kapérang dadi loro, yakuwi:
- Tembung cambaoran wutuh, contoné: sisib sembir, baya pakéwuh, raja lélé lsp.
- Déné wujud sijiné yakuwi wis dicekak (wancah). Contoné: bangjo: abang-ijo, barji barbèh: bubar siji bubar kabèh, gaji wakma: sega siji iwaké lima, nasgithel:panas legikenthel lsp.
Miturut hubungan wanda
Miturut hubungan wanda siji lan sijiné, tembung camboran bisa dipilah dadi telu, yakuwi:
- Tembung camboran kang nduwèni teges sadrajad. (kopulatif). Contoné: gedhé cilik, tuwa nom, sumbang surung, sandhang pangan lsp. Reroncèn tembung bisa uga ditambahi tembung “lan” utawa”saha”.
- Tembung camboran kang tembung kapidhoné nerangaké tembung kapisan (determinatif). Contoné: jambu kapuk, pelem gadhung, manuk dara, lsp.
- Tembung camboran kang tembung kapisan nerangaké tembung kapindhoné. Conto: Parama sastra = sastra kang parama (linuwih), Pandhu putra = putrané Pandhu, lsp.
Tembung garban
Tembung camboran kang sambungan (sandhi) né awujud wandamenga (basa Indonesia: suku kata terbuka) lan wanda aksara swara (vokal), tembung-tembung kasebut banjur bisa luluh (ginarba) dadi siji dadi swara anyar. Tembung kuwi banjur disebut tembung garban. Tuladha:
- a + a = a
- Kusuma + astuti = kusumastuti
- a + i = e
- Teka + ing = tekèng
- Ira + iku = irèku
- a + e = e
- Warna + edi = warnèdi
- a + u = o
- Wira + utama = wirotama
- i + a (i,e,o,u) = y
- Sami + oncat = samyoncat
- u + a (i,e,o,u) = w
- Tumuju + ing = tumujwèng
Sawetara ater-ater utawa panambang kang wanguné kaya wanda kasebut uga dadi sandhigarban. Tuladha:
- sa +ulah = solah
- sami + a = samya
- ke + legi + an = kelegèn
PURWAKANTHI
Purwakanthi utawa aliterasi iku unen-unen utawa ukara kang runtut basa utawa sastrane. Purwakanthi kang runtut basane jenenge purwakanthi basa, dene yen ing sastra sinebutpurwakanthi sastra. Purwakanthi bisa awujud ukara lumrah, bisa uga ngamot paribasan,saloka, utawa tembang. Purwakanthi bisa digolongake dadi telu, yakuwi: Purwakanthi guru swara, Purwakanthi guru sastra lan Purwakanthi Lumaksita.
Purwakanthi Guru Swara
- Aja dumè menang, banjur tumindak sawenang-wenang
- Ana awan, ana pangan
- Ana dina, ana upa
- Ati karep, bandha cupet
- Bareng wis makmur, lali marang sedulur
- Becik ketitik, ala ketara
- Gelem obah, mesthi mamah
- Inggah inggih, ora kepanggih
- Ijo-ijo godhong kara, bareng bodho lagi rumangsa
- Ireng-ireng kétok untuné, bareng seneng kétok guyuné
- Ora cepet, ora ngliwet
- Thenguk-thenguk, nemu kethuk
- Tuwas sayah, ora paédah
Purwakanthi Guru Sastra
- Aja dhemen memada samèng dumadi
- Bobot, bibit, bèbèt
- Janji jujur, jajahané mesthi makmur
- Sing sapa salah sèlèh
- Sing wèwèh bakal wuwuh
- Sluman slumun slamet
- Tata titi tentrem
Purwakanthi Lumaksita
- Asung bekti, bektiné kawula marang Gusti
- Bayem arda, ardané ngrasuk busana
- Lungguh dhingklik, dhingkliké wong cilik-xilik
- Nandang lara, laraning wong lara lapa
- Pandhu suta, suta madyaning Pandhawa
- Raja putra, putra dalemé Ngastina
- Saking tresna, tresnané mung samudana